Sony Xperia SP - Android™‎ – apa lan ngapa?

background image

Android™ – apa lan ngapa?

Xperia™ sampeyan saka Sony mlaku ing platform Android™. Piranti Android™ bisa

nindakake fungsi sing padha akehe karo komputer lan sampeyan bisa ngatur miturut

kabutuhan. Misale, sampeyan bisa nambah lan mbusak aplikasi, utawa ningkatake

aplikasi sing ana kanggo ngapikake fungsi. Ing Google Play™ sampeyan bisa

ngundhuh sawetara aplikasi lan game saka koleksi sing terus saya akeh. Sampeyan

uga bisa integrasi aplikasi ing piranti Android™ karo aplikasi liyane lan karo layanan

online sing digunakake. Umpamane, sampeyan bisa nggawe serep kontak, ngakses

akun email lan tanggalan liyane saka sakpanggonan, nglacak janjian, lan aktif ing

jaringan sosial.
Piranti Android™ saya suwe saya apik. Yen kasedhiya versi piranti lunak anyar lan

piranti ndhukung piranti lunak anyar iki, sampeyan bisa nganyarake piranti kanthi

njupuk fitur-fitur anyar lan pangapikan pungkasan.

Piranti Android™ sampeyan wis diiseni layanan Google™. Kanggo ngoptimalake layanan

Google™ sing kasedhiya, sampeyan kudu nggawe akun Google™ lan mlebu ing akun

kasebut nalika sapisanan miwiti piranti. Sampeyan uga kudu duwe akses internet kanggo

nggunakake fitur-fitur ing Android™.

Piranti lunak anyar sing mentas diluncurake mbokmenawa ora kompatibel karo kabeh piranti.