Sony Xperia SP - Akun lan layanan

background image

Akun lan layanan

Mlebu ing akun layanan online saka piranti supaya entuk akses sing gampang nalika

sampeyan pindhah-pindhah. Contone, sampeyan bisa nggabungake kontak saka

akun Google™ menyang Kontak supaya kabeh disimpen ing sak panggonan.

Sampeyan bisa mlebu ing layanan online anyar saka piranti lan uga saka komputer.

Akun Google™

Duwe akun Google™ kuwi kunci kanggo nggunakake rerangken aplikasi lan layanan

ing telpon Android™. Sampeyan mbutuhake akun Google™, contone, kanggo

nggunakake aplikasi Gmail™ ing piranti, kanggo ngobrol karo kanca-kanca nganggo

Hangouts™, kanggo nyelarasake aplikasi tanggalan ing piranti sampeyan karo

Google Calendar™. Sampeyan uga mbutuhake akun Google™ sampeyan kanggo

ngundhuh aplikasi lan game, musik, film lan buku saka Google Play™.

Microsoft

®

Exchange ActiveSync

®

account

Selarasake piranti karo akun Microsoft

®

Exchange ActiveSync

®

perusahaan

sampeyan. Kanthi mangkene, sampeyan bisa nglacak email, kontak lan acara

tanggalan perusahaan kapan wae.

Akun Facebook™

Facebook™ iku layanan jaringan sosial sing nyambungake sampeyan karo kaca,

kulawarga lan kolega sak donya. Atur wiwitan Facebook ben bisa dianggo ing piranti

supaya sampeyan bisa tetep bisa dikontak saka ngendi wae.

12

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.