Sony Xperia SP - Baterei

background image

Baterei

Piranti wis ditempeli baterei.

Ngisi daya baterei

Baterei wis diisi sebagean nalika sampeyan tuku piranti. Perlu wektu sawetara menit

sadurunge lambang baterei katon ing layar nalika sampeyan nyambung kabel

pangisi daya karo sumber listrik, kayata port USB utawa pangisi daya. Sampeyan isih

bisa nggunakake piranti nalika piranti diisi daya. Ngisi daya piranti nganti suwe

banget, umpamane sawengi nutug, ora bakal ngrusak baterei utawa piranti.

Ngisi daya piranti

15

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

1

Tancepake pangisi daya menyang stopkontak.

2

Tancepake kabel USB menyang pangisi daya (utawa menyang port USB ing

komputer).

3

Tancepake pucuk kabel USB sijine menyang port micro USB ing piranti, kanthi

simbol USB madhep munggah. Lampu kabar murup nalika pangisian daya

diwiwiti.

4

Sawise daya piranti diisi kebak, jabut kabel USB saka piranti kanthi narik metu.

Aja nganti nekuk konektor.

Gunakake pangisi daya lan kabel USB sing kasedhiya bareng piranti supaya pangisian daya

luwih cepet. Yen baterei kosong, perlu sawetara menit sadurunge lampu kabar murup lan

lambang ngisi daya muncul.

Status lampu kabar baterei

Ijo

Level pangisian baterei luwih dhuwur saka 90%

Abang kethip-kethip

Baterei kari sethithik

Oranye

Baterei lagi diisi daya lan level pangisian baterei luwih endhek saka 90%

Mriksa level baterei

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Temokake banjur tutul Setelan > Babagan telpon > Status > Tingkat baterei.

Ngapikake kinerja baterei

Tips ngisor iki bisa nulung ngapikake kinerja baterei:

Kerepa ngisi daya baterei piranti. Iki ora nggawa dampak tumrap jangka wektune

baterei.

Ngundhuh data saka internet iku nganggo daya akeh. Yen lagi ora nggunakake

internet, sampeyan bisa ngirit daya kanthi mateni kabeh sambungan data sing liwat

jaringan seluler. Setelan iki ora ngalangi piranti ngirim data liwat jaringan nirkabel

liyane.

Pateni sambungan Bluetooth® lan Wi-Fi® nalika sampeyan ora mbutuhake fitur-fitur

iki. Sampeyan bisa nguripake lan mateni fitur-fitur iki kanthi luwih gampang saka panel

Kabar kanthi nyeret mudhun garis status.

Gunakake fitur mode STAMINA lan Mode baterei kari sethithik kanggo nyuda

konsumsi daya baterei. Sampeyan bisa milih mode irit daya sing paling cocog karo

cara panggunaan piranti sampeyan. Sampeyan uga bisa matutake setelan saben

mode irit daya.

Setel aplikasi sinkronisasi (digunakake kanggo nyelarasake email, tanggalan, lan

kontak) kanggo nyelarasake kanthi manual. Sampeyan uga bisa nyelarasake kanthi

otomatis, nanging bakal nambah interval sinkronisasi.

Priksa menu panggunaan baterei ing piranti kanggo ndeleng aplikasi endi sing

nggunakake daya paling akeh. Baterei nganggo daya luwih akeh nalika sampeyan

nggunakake aplikasi video lan streaming musik, kayata YouTube™. Sawetara aplikasi

sing diundhuh saka Google Play™ uga nganggo daya luwih akeh.

Tutup lan metu saka aplikasi sing lagi ora digunakake.

Mudhunake level padhang tampilan layar.

Pateni piranti utawa uripake setelan Mode pesawat yen sampeyan ana ing wilayah

sing ora kalebu area jaringan. Yen ora, piranti bakal bola-bali nlusur cepet jaringan

sing kasadhiya, lan iki nggunakake daya.

Gunakake piranti tanpa nyekel asli saka Sony™ kanggo ngrungokake musik. Piranti

tanpa nyekel nggunakake daya baterei luwih sethithik tinimbang spiker piranti iku

dhewe.

Aktifake piranti ing siyaga kapan wae yen bisa. Wektu siyaga nuduhake wektu sajrone

piranti disambungake menyang jaringan lan lagi ora digunakake.

Pateni wallpaper urip apa wae.

Ngakses menu panggunaan baterei

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul Setelan > Manajemen daya > Panggunaan baterei.

16

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nggunakake mode STAMINA

Nguripake fitur mode STAMINA kanggo nggawe ngaso sambungan Wi-Fi®, kiriman

data lan sawetara aplikasi sing nganggo daya akeh nalika layar ora aktif. Nalika mode

STAMINA aktif, sampeyan isih bisa nampa panggilan telpon, lan pesen teks lan pesen

multimedia. Sampeyan uga bisa nyetel dhaptar aplikasi kanggo ngidini sawetara

aplikasi tetep mlaku nalika layar ora aktif. Yen layar aktif maneh, kabeh fungsi sing

ngaso terus urip.

Nguripake mode STAMINA

1

Seret mudhun garis status, banjur tutul .

2

Golek banjur tutul Manajemen daya.

3

Seret tandha geser sandhinge mode STAMINA nengen, banjur tutul Aktifake.

katon ing garis status nalika mode STAMINA diuripake.

Mateni mode STAMINA

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul Setelan > Manajemen daya.

3

Tutul ing jejere mode STAMINA.

Nggenti setelan kanggo mode STAMINA

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul Setelan > Manajemen daya.

3

Kanggo mbukak menu setelan, tutul mode STAMINA.

4

Nambah utawa mbusak aplikasi, kaya sing dikepengini.

5

Yen wis rampung, tutul Rampung.

Ngira-ira wektu siyaga ing piranti

Wektu siyaga ngrujuk menyang jumlah wektu baterei bisa tahan yen piranti

disambung menyang jaringan nanging lagi ora digunakake contone, kanggo nampa

utawa nelpon. Mode STAMINA, yen diuripake, tansah ngetung wektu siyaga sing isih

ana, sing bisa mawerna-wrna gumantung kepiye carane sampeyan nggunakake

piranti. Mode STAMINA luwih efektif kanggo ndawakake wektu siyaga yen layar

piranti tetep kemunci. Yen sampeyan arang-arang ngunci layar, mbokmenawa

sampeyan ora bisa ngerti pangapikan kinerja baterei.

Yen sampeyan lagi pisanan nggunakake piranti, wektu siyaga sing dikira-kira iku bisa uga ora

akurat amarga durung ana riwayat panggunaan sadurunge.

Ndeleng wektu siyaga sing wis dikira-kira suwene

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul Setelan > Manajemen daya.

Nggunakake mode baterei Cendhek

Sampeyan bisa nguripake fitur Mode baterei kari sethithik kanggo irit daya yen level

baterei cendhek. Fitur iki nulung sampeyan nyetel setelan kanggo padhang layar,

kiriman data, lan fungsi kedher supaya sampeyan bisa nyuda panggunaan baterei.

Nguripake mode baterei Cendhek

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul Setelan > Manajemen daya.

3

Tutul ing jejere Mode baterei kari sethithik, banjur tutul Aktifake.

Mateni mode baterei Cendhek

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul Setelan > Manajemen daya.

3

Tutul ing jejere Mode baterei kari sethithik.

17

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nggenti setelan kanggo mode baterei Cendhek

1

Saka Layar ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul Setelan > Manajemen daya.

3

Kanggo mbukak menu setelan, tutul Mode baterei kari sethithik.

4

Setel setelan kaya sing dikepengini.

5

Yen wis rampung, tutul .