Sony Xperia SP - Layar ngarep WALKMAN

background image

Layar ngarep WALKMAN

Layar ngarep WALKMAN menehi sampeyan ringkesan kabeh lagu ing piranti lan lagu

sing kasadhiya ing Music Unlimited. Saka kene sampeyan bisa ngatur album lagu lan

dhaptar lagu, nggawe trabasan, lan ngatur musik miturut swasana ati lan tempo

nggunakake saluran SensMe™.

1

Peringkat sing dicawisake dening Music Unlimited

2

Weton anyar sing dicawisake dening Music Unlimited

3

Dhaptar lagu utama sing dicawisake Music Unlimited

4

Jlajah musik miturut artis

5

Jlajah musik miturut lagu

6

Jlajah musik miturut album lagu

58

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

7

Jlajah kabeh dhaptar lagu

8

Nglumpukake sambungan karo musik lan isi sing gegandhengan sing sampeyan

lan kanca-kanca enggo bareng kanthi nggunakake layanan online

9

Ngatur lan ngowahi musik nggunakake saluran Music Unlimited

10

Mbukak pamuter musik "WALKMAN"

Sony Entertainment Network karo Video Unlimited lan Music Unlimited ora kasadhiya ing

kabeh pasar. Dibutuhake langganan kapisah. Syarat lan katemtuan tambahan diterapake.

Nampilake layar ngarep WALKMAN

1

Saka Layar ngarep, tunyuk > .

2

Yen layar ngarep WALKMAN ora dituduhake, tutul .

Nambah trabasan kanggo lagu

1

Saka layar ngarep WALKMAN, tlusuri lagu sing arep digawe trabasane.

2

Demek terus judhul lagu.

3

Tutul Tambah minangka trabasan. Trabasan saiki metu ing layar ngarep

WALKMAN.

Sampeyan ora bisa nambahake trabasan menyang lagu saka Music Unlimited.

Ngatur maneh trabasan

Saka layar ngarep WALKMAN, demek terus salah siji trabasan nganti dadi

gedhe lan telpon kedher, banjur seret item menyang lokasi anyar.

Mbusak trabasan

Saka layar ngarep WALKMAN, tutul terus sawijine trabasan nganti dadi gedhe

lan telpon kedher, banjur seret item menyang .

Sampeyan mung bisa mbusak trabasan sing sampeyan gawe dhewe.

Sampeyan uga bisa nyeret trabasan gawan menyang nanging mung didhelikake, ora

dibusak.

Kanggo nganyari musik karo informasi paling anyar

1

Saka layar Ngarep WALKMAN, tutul .

2

Tutul Undhuh info musik > Wiwiti. Piranti nelusur online lan ngundhuh gambar

album paling anyar sing kasadhiya lan nglacak katrangan lagu kanggo musik

sampeyan.

Aplikasi saluran SensMe™ diaktifake yen sampeyan ngundhuh katrangan musik.

Ngaktifake aplikasi saluran SensMe™

Saka layar ngarep WALKMAN, tutul , banjur tutul Undhuh info musik > Wiwiti.

Aplikasi iki mbutuhake sambung jaringan mobile utawa Wi-Fi®.

Mbusak lagu

1

Bukak layar ngarep WALKMAN, banjur telusuri menyang lagu sing pengin

dibusak.

2

Demek terus judhul lagu, banjur tutul Busak.

Sampeyan uga bisa mbusak album nganggo cara iki.