Sony Xperia SP - Layar kaca

background image

Layar kaca

Gunakake Layar kaca kanggo ngatonake layar piranti sampeyan ing TV utawa ing

layar gedhe liyane tanpa nggunakake sambungan kabel. Teknologi Wi-Fi Direct™

nggawe sambungan nirkabel antarane piranti loro, supaya sampeyan bisa lungguhan

98

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

lan nyawang potret favorit saka sofa kanthi kepenak. Sampeyan uga bisa nggunakake

fitur iki kanggo ngrungokake musik saka piranti liwat spiker TV.

TV sampeyan kudu ndhukung layar kaca sing adhedhasar Wi-Fi CERTIFIED Miracast™

kanggo panggunaan ing ndhuwur iku supaya bisa digunakake. Yen TV sampeyan ora

ndhukung layar kaca, sampeyan perlu tuku adaptor layar nirkabel sing kapisah.

Nalika layar kaca digunakake, kwalitas gambar bisa uga kena dhampak negatif yen ana

gangguan saka jaringan Wi-Fi® liyane.

Ngaca layar piranti menyang layar TV

1

TV

: Tindakake prentah ing Pandhuan pangguna supaya TV nguripake fungsi

layar kaca.

2

Piranti

: Seret mudhun garis status, banjur tutul .

3

Golek banjur tutul Konektivitas Xperia™ > Pangilonan layar.

4

Tutul Uripake Pangilonan layar banjur pilih salah siji piranti.

Nalika nganggo layar kaca, aja nutupi area antena Wi-Fi ing piranti.