Sony Xperia SP - Setelan kamera video

background image

Setelan kamera video

Nyetel setelan kamera video

1

Uripake kamera.

2

Tutul salah sijine lambang setelan ing layar.

3

Kanggo nuduhake kabeh setelan, tutul .

4

Pilih setelan sing arep disetel, banjur genti saksenenge.

Ringkesan setelan kamera video

Resolusi video

Nyetel resolusi video kanggo macem-macem format.

Full HD

1980×1080(16:9)

Format Full HD (Full High Definition) kanthi rasio aspek 16:9. 1980×1080 piksel.

HD

1280×720(16:9)

Format HD (High Definition) kanthi rasio aspek 16:9. 1280×720 piksel.

MMS

Rekam video sing cocog kanggo dikirim ing pesen multimedia. Wektu ngrekam kanggo format video iki

diwatesi supaya pas karo pesen multimedia.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret Manual.

Atur wektu potret

Nganggo atur wektu, sampeyan bisa ngrekam video tanpa nyekeli piranti. Gunakake

kanggo ngrekam video kelompok supaya kabeh wong bisa direkam ing video.

Sampeyan uga bisa nggunakake timer poto supaya kamera ora goyang nalika

ngrekam video.

Aktif (10 detik)

Setel wektu tundha 10 detik wiwit nutul layar kamera nganti video wiwit direkam.

Aktif (2 detik)

Setel wektu tundha 2 detik wiwit nutul layar kamera nganti video wiwit direkam.

Off

Video wiwit direkam sanalika sampeyan nutul layar kamera.

Mode Fokus

Setelan fokus ngontrol bagean video endi sing kontrase kudu cetha. Nalika fokus

otomatis terus urip, kamera tansah nyetel fokus supaya wilayah ing pigura fokus putih

tetep kontras.

Autofokus singgel

Kamera kanthi otomatis fokus ing obyek sing dipilih. Fokus otomatis terus-terusan urip.

Deteksi praupan

Kamera kanthi otomatis ndeteksi nganti limang pasuryan, sing dituduhake dening pigura ing layar.

Kamera kanthi otomatis fokus ing subyek sing paling cedhak. Sampeyan uga bisa milih pasuryan kanggo

njupuk fokus kanthi nunyuk pasuryan kasebut ing layar. Nalika nutul layar kamera, pigura kuning

nuduhake pasuryan endi sing dipilih dadi fokus. Deteksi pasuryan ora bisa digunakake kanggo kabeh jinis

pemandangan. Fokus otomatis terus-terusan urip.

Nglacak obyek

Nalika sampeyan milih objek kanthi nutul ing jendhela bidik, kamera bakal nglacak.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret Manual.

72

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Pangukuran

Fungsi iki kanthi otomatis nemtokake cahya sing imbang kanthi ngukur jumlah cahya

kanggo gambar sing pengin dijupuk.

Pusat

Nyetel cahya menyang tengah gambar.

Rata-rata

Ngetung cahya adhedhasar jumlah cahya sing nyunari kabeh gambar.

Spot

Nyetel cahya ing bagean cilik saka gambar sing pengin dijupuk.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode potret Manual.

Mikropon

Pilih manawa arep ngrekam swara lingkungan nalika ngrekam video.

Lampu kilat

Gunakake lampu kilat kanggo ngrekam video nalika kondisi cahya surem utawa ana

cahya saka mburi. Lambang lampu kilat video mung kasedhiya ing layar kamera

video. Elinga yen kadang, kualitas video bisa luwih apik tanpa lampu, sanajan kondisi

cahya surem.

On

Off

73

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.