Sony Xperia SP - Informasi hukum

background image

Informasi hukum

SonyC5302/C5303/C5306

Pandhu Pangguna iki diterbitkake dening Sony Mobile Communications AB utawa perusahaan afiliasi lokal,

tanpa jaminan babar pisan. Perlune dandan lan owah-owahan ing Pandhuan Pangguna iki amarga ana

kesalahan panulisan, isi informasi sing ora akurat, utawa dandan kanggo program lan/utawa peralatan, bakal

diowahi dening Sony Mobile Communications AB sawayah-wayah tanpa kabar. Nanging, pangowahan kasebut

bakal digabung menyang edisi anyar Pandhuan pangguna iki.
©Sony Mobile Communications AB, 2013.
Kabeh hak dilindhungi undang-undang.

Ponsel sampeyan nduweni kemampuan kanggo ngundhuh, nyimpen lan nerusake konten tambahan, kayata

dering. Panggunaan konten kasebut bisa uga diwatesi utawa dilarang dening hak pihak katelu, kalebu nanging

ora winates ing watesan saka undang-undang hak cipta sing ditrapake. Sampeyan, lan dudu Sony, sing

tanggung jawab total kanggo konten tambahan sing didownload menyang utawa sing diterusake saka piranti

sampeyan. Sadurunge nggunakake isi tambahan, verifikasi manawa panggunaan sampeyan wis dilisensi kanthi

bener utawa wis diijini. Sony ora njamin akurasi, integritas utawa kwalitas samubarang isi tambahan utawa

samubarang isi pihak katelu. Ing samubarang kondhisi Sonyora tanggung jawab marang panyalahgunaan isi

tambahan utawa isi pihak katelu liyane.

Pandhuan pangguna iki bisa uga ngrujuk layanan utawa aplikasi sing diwenehake dening pihak katelu.

Panggunaan program utawa layanan kasebut perlu registrasi dhewe karo panyadhiya pihak katelu lan bisa uga

tundhuk karo katemtuan panggunaan tambahan. Kanggo aplikasi sing diakses ing utawa liwat situs web pihak

katelu, waca dhisik sarat panggunaan lan kabijakan privasi sing ditrapake situs web kasebut. Sony ora menehi

jaminan utawa garansi babagan kasadhiyan utawa kinerja samubarang situs web utawa layanan sing

ditawakake.

Copot baterei kanggo ndeleng informasi peraturan kayata tandha CE.

Kabeh jeneng produk lan jeneng perusahaan sing disebutake ing kene minangka merek dagang utawa merek

kadhaptar pamilik. Hak liyane sing ora disebutake ing kene tetep dilindhungi. Kabeh merek dagang liyane

minangka properti saka pamilike dhewe-dhewe.

Bukak

www.sonymobile.com kanggo informasi sing luwih akeh.

Kabeh ilustrasi mung ditujokake kanggo ilustrasi lan ora kanthi nyata nggambarake piranti asli.

Produk iki dilindhungi karo hak properti intelektual tartamtu saka Microsoft. Panggunaan utawa panyebaran

teknologi kasebut ing sanjabane produk iki dilarang tanpa lisensi saka Microsoft.

Pamilik konten nggunakake teknologi manajemen hak digital Windows Media (WMDRM) kanggo nglindhungi

properti intelektuale, kalebu hak cipta. Piranti iki nggunakake piranti lunak WMDRM kanggo ngakses konten

sing dilindhungi WMDRM. Yen piranti lunak WMDRM gagal nglindhungi konten, pamilik konten bisa njaluk

Microsoft mbatalake kemampuan piranti lunak kanggo nggunakake WMDRM kanggo muter utawa nyalin konten

sing dilindhungi. Pembatalan ora mengaruhi konten sing ora dilindhungi. Yen sampeyan ndownload lisensi

kanggo konten sing dilindhungi, berarti sampeyan setuju manawa Microsoft bisa ngemot dhaptar panjabutan

karo lisensi kasebut. Pamilik konten bisa njaluk sampeyan ngupgrade WMDRM kanggo ngakses kontene. Yen

nolak upgrade, sampeyan ora bisa ngakses konten sing mbutuhake upgrade.

Produk iki dilisensi karo MPEG-4 visual lan lisensi portofolio paten AVC kanggo panggunaan pribadi lan non-

komersial kanggo (i) enkoding video sing selaras karo standar MPEG-4 visual ("MPEG-4 video") utawa standar

AVC ("AVC video") lan/utawa (ii) dekoding video MPEG- 4 utawa AVC sing dienkode dening konsumen sing

melu kegiatan pribadi lan non-komersial lan/utawa dipikolehi saka panyedhiya video sing dilisensi dening MPEG

LA kanggo nyedhiyani video MPEG-4 lan/utawa AVC. Ora ana lisensi sing diwenehake utawa disetujoni kanggo

panggunaan liyane. Informasi tambahan kalebu babagan panggunaan promosi, internal lan komersial lan lisensi

bisa dipikolehi saka MPEG LA, L.L.C. Bukak http://www.mpegla.com. Teknologi dekoding MPEG Layer-3

dilisensi saka Fraunhofer IIS lan Thomson.

SONY MOBILE ORA TANGGUNG JAWAB MARANG DATA UTAWA FILE SING KASIMPEN ING TELPON

(KALEBU NANGING ORA DIWATESI MENYANG KONTAK, TREK MUSIK LAN GAMBAR) SING ILANG,

KEBUSAK LAN/UTAWA KETUMPUK AMARGA PANGANYARAN APA WAE SAKA PIRANTI SAMPEYAN

120

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

KANTHI SALAH SIJI CARA SING DIJELASAKE ING PANDHUAN PANGGUNA IKI, UGA AMARGA

PANGGUNAAN PETUNJUK LAN TIP SING DISEDHIAKAKE ING NGISORE SUBSEKSI “METODE

TRANSFER KONTAK” LAN “PANYIMPENAN DATA” ING DOKUMEN IKI. SONY MOBILE LAN

PANYEDHIYANE ORA TANGGUNG JAWAB APA-APA MARANG KABEH KARUSAKAN, KELANGAN LAN

DHASAR HUKUM (ING KONTRAK UTAWA TUMINDAK SING MARAI KERUGIAN MARANG WONG LIYA,

KALEBU, NANGING ORA WINATES MENYANG SEMBRONO UTAWA LIYANE) SING NGLUWIHI REGA

SING DIBAYAR KARO SAMPEYAN KANGGO TUKU PIRANTI.

121

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.