Sony Xperia SP - Nganyari piranti

background image

Nganyari piranti

Anyari piranti nganggo versi piranti lunak paling anyar kanggo entuk kinerja optimal

lan pangapikan paling anyar. Sampeyan bisa nggunakake aplikasi Pusat undhuhan

ing piranti kanggo mbukak nganyari nirkabel utawa nggunakake aplikasi PC

Companion ing komputer kanggo mbukak nganyari nganggo sambungan kabel USB.
Yen nganyari kanthi nirkabel, sampeyan bisa nggunakake jaringan seluler utawa
sambungan jaringan Wi-Fi

®

. Pesthekake wis nggawe serep lan nyimpen kabeh data

ing piranti sadurunge ngaktifake program nganyari.

Piranti lunak anyar sing mentas diluncurake mbokmenawa ora kompatibel karo kabeh piranti.

Yen mbukak nganyari nggunakake aplikasi Pusat undhuhan, bakal ana sambungan data lan

bisa uga dikenani biaya. Kajaba iku, kasedhiya nganyari liwat jaringan seluler gumantung saka

operator. Hubungi operator jaringan kanggo informasi luwih lengkap.

Nganyarake piranti kanthi nirkabel

Gunakake aplikasi pusat Anyarake kanggo nganyarake piranti kanthi nirkabel.

Sampeyan bisa ngundhuh piranti lunak anyar kanthi manual, utawa bisa ngidini

layanan Anyarake kanggo nganyarake piranti kanthi otomatis saben ana undhuhan

kasedhiya. Yen fitur anyarake kanthi otomatis wis urip, ana kabar katon ing garis

status saben-saben kasedhiya ana sing anyar.

Ngundhuh fitur anyarake piranti lunak kanthi manual saka Update center

1

Saka layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul Pusat Nganyari.

3

Pilih aplikasi utawa sistem anyar sing dipengini banjur tutul , utawa tutul

kanggo ngundhuh kabeh aplikasi anyar.

Aplikasi anyar kanthi otomatis aktif sawise diundhuh. Nganggo sistem anyar, instal sing anyar

kanthi manual sawise diundhuh. Piranti sampeyan bakal wiwit maneh kanthi otomatis sawise

pamasangan rampung. Sampeyan bisa kena prabeya sambungan data yen ngundhuh sing

anyar liwat jaringan seluler.

Nguripake fitur anyarake piranti lunak otomatis kanthi nggunakake aplikasi Pusat

Anyarake

1

Saka layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul Pusat Nganyari.

3

Penet , banjur tutul Setelan.

4

Wenehi tandha ing kothak centhang Idini ngundhuh otomatis, banjur tutul

Setuju

. Sing anyar saiki bisa diundhuh kanthi otomatis yen wis kasadhiya.

Sampeyan bisa kena prabeya sambungan data yen ngundhuh sing anyar liwat jaringan seluler.

Nginstal nganyari sistem

1

Saka layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul Pusat Nganyari.

3

Pilih nganyari sistem sing arep diinstal, banjur tutul .

Nganyari piranti nggunakake sambungan kabel USB

Sawetara anyar ora kasedhiya kanggo diundhuh kanthi nirkabel. Kabar ditampilake

ing garis status kanggo ngandhani manawa ana nganyari. Kanggo ngundhuh lan

ngaktifake anyar, mbutuhake kabel USB lan komputer sing ngaktifake aplikasi PC

Companion. Sampeyan bisa nginstal PC Companion ing komputer nggunakake file

instalasi sing disimpen ing piranti, utawa sampeyan bisa ngundhuh aplikasi langsung

saka

kaca piranti lunak PC Companion

.

110

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Mbukak undhuhan PC Companion nganggo piranti sampeyan

1

Sambungake piranti menyang komputer nganggo kabel USB.

2

Yen dijaluk, turuti prentah ing piranti kanggo miwiti pamasangan PC Companion

ing komputer.

Ngundhuh piranti lunak anyar kanthi nggunakake sambungan kabel USB

1

Instal aplikasi PC Companion ing komputer sing dianggo, yen durung diinstal.

2

Sambungake piranti menyang komputer nggunakake kabel USB.

3

Komputer

: Aktifake aplikasi PC Companion. Sawise sawetara wektu, PC

Companion ndeteksi piranti sampeyan lan nlusur piranti lunak anyar kanggo

piranti sampeyan.

4

Piranti

: Nalika kabar katon ing garis status, turuti instruksi ing layar kanggo

njupuk piranti lunak anyar sing cocog.

Nganyari piranti nganggo komputer Apple

®

Mac

®

1

Instal aplikasi Sony™ Bridge for Mac ing komputer Apple

®

Mac

®

sing

digunakake, yen durung diinstal.

2

Sambungake piranti menyang komputer Apple

®

Mac

®

nggunakake kabel USB.

3

Komputer

: Bukak aplikasi Sony™ Bridge for Mac. Sawise sawetara wektu,

aplikasi Sony™ Bridge for Mac ndeteksi piranti lan nggoleki piranti lunak anyar

kanggo piranti.

4

Komputer

: Yen kadeteksi nganyari piranti lunak anyar, bakal ditampilake

jendhela sembul. Tututi pandhuan ing layar kanggo nganyari piranti lunak

anyar.

Aplikasi Sony™ Bridge for Mac bisa diundhuh saka

Kaca piranti lunak Bridge for Mac

.